Tholabul Ilmi

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,
Mangga samiya mbudi daya amrih usaha kagem ngicali sifat bhodho kita kanthi thalabul ilmi, pados ngelmu kanti lantaran para ‘ulama, Amergi kita dipun dawuhi dening Gusti Allah supados sami pados ilmi dateng para ‘ulama, kanti dawuhipun ing kitab Al Qur’an :
فأسـألـواأهـل الـذكر ان كنتـم لاتعـلمـون
“Pada takona sira ing ahli dzikir (para ‘ulama) lamun sira iku isih pada bhodo”
Kanti ilmunipun para ‘ulama punika ingkang bade dados obat lan jampinipun penyakitipun para manungsa. Sarana ilmunipun para ‘ulama bade anjalari dados saenipun kawontenan gesang punika. Kawontenan baldatun thayyibatun wa rabbun ghafur namung saget tercapai menawi ilmunipun para ulama kadamel pedoman lan pitedah salebetipun gesang punika.
Ananging nyatanipun mangsa punika sampun katah tiyang ingkang nilaraken para ulama, amergi ‘ulama dipun anggep ngrepoti, ngewuh ewuhii tumrap kemajuan, apa apa ra kena, iki ra oleh, ngene ra entuk, ngono haram, iki dilarang, lan sak panunggalanipun. Agama cukup di akoni, ra perlu dilakoni. Menawi sampun mekaten sikapipun tiyang dateng agami, menika sanget mbebayani bade nuwuhaken pendangkalan agama, inggih saking pola hidup ingkang sampun terpengaruh kaliyan faham kebendaan, lan glamor materialisme. Nabi sampun nate paring pepenget kanti dawuhipun :
سـيأتـي زمـان عـلى أمـتـي يـفـرون من الـعــلمـاء والـفـقـهــاء فـيـبـتـليـهـم الله بثـلاث بـليـات : أولاهــا يـرفـع الله البـركة من كسـبـهـم , والـثـانـة يســلـط الله تـعــالى عـليـهـم ســلطانـا ظالـمــا , والـثــالـثـة يخـرجـون من الـدنـيـا بـغيـر ايـمــان.
“Bakal tumeka sawijining mangsa marang ummatku, ing mangsa iku ummatku pada mlayu ninggal para ulama lan fuqaha, mangka nuli Allah bakal maringi pacoban marang ummat kui kelawan telung pacoban ,
Sepisan : Allah bakal ngilangi berkahe sangka nyambut gawene.
Kapindo : Allah bakal nguwasakake marang ummat kui panguasa kang dlolim.
Kaping telu : Ummat kuwi bakal metu sangka dunya kelawan tanpa iman”
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,
Mangga dadosa perhatosan dawuh Nabi kasebat, supados kita pinaringan pangreksa dening Allah saking tigang pacoban kasebat. Mboten sanes kita samiya caket kaliyan para ulama kanti tolabul ilmi ngalap ngilmu saking para ulama, supados gesang kita anggenipun ngumawula dateng Allah saha gesang sesrawungan wonten ing masyarakat tansah netepi pranataning agami.
Menapa kemawon ngamal ingkang kita tindak aken kedah dipun dasari kanti ngilmu ingkang cekap, langkung langkung ibadah wajib ingkang kita tindakaken, kadosta shalat ferdlu kita, kados pundi caranipun sesuci wudlu ingkang leres, kados pundi syarat lan rukunipun shalat ingkang kita tindak aken, wajib tumrap kita mangertosi sedayanipun, caranipun mutlak mesti kedah kangti tholabul ilmi lan ngaji.
akhiripun mangga samiya migatosaken dateng kewajiban pados ilmi punika, ampun ngantos dados tiyang Islam babar pindah mboten nate nindakaken jejibahan tholabul ilmi. Mugi mugi Allah maringaken pitedah lan pitulung dateng kita, saget nindakaken kwajiban ibadah kanti istiqamah. Amiin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِاْلآيَاتِ وَالذِّ كْرِ الْحَكِيْمِ  إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ
 ُ وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرا الرَّحِمِيْنَ